BREAKING NEWS

Friday, January 1, 2016

Temulus Crita Katresnan

Jenengku Adhi Wibowo, Ing ngomah biasane diundang bowo, ing sekolahan diundang adhi. Umurku saiki arep 28 tahun, ameh genep setaun anggonku kawin. Bojoku jenenge Iis Afriyanti saka desa Temulus kecamatan Mejobo Kudus. Iis kuwi tau dadi muridku pas jaman wonge ijeh sekolah, umure saiki 23 tahun.

Piye critane kok aku iso ntuk wong temulus? awale biyen tahun 2010 ana lomba karya tulis ing UMK, iis dadi salah sijine bocah sing mlebu nominasi, aku dhewe sing dadi pembimbinge. Awit saka iku aku cedak mbi wonge. Angger dino sms an, telfonan. Pas tanggal 2 Oktober 2010 aku nembak wonge ing ikan bakar Rawa Indah desa Karangrowo Undaan pas acara kelase makan-makan. Aku ditompo kanthi tresno.

Akeh sing podo ngrasani aku amarga aku pacaran ambi muridku dhewe, nanging aku ora goyah, tetep tresno marang wonge. Uwis kerep putus nyambung karo wonge, nanging jenenge jodoh ora bakal tekan ngendi. Tanggal 21 januari aku ngawini wonge. Mugo-mugo tresnaku karo wonge biso awet nganti mbah-mbah.
Aminnn...

Post a Comment